Selasa, 19 November 2019

Persiapan UAS B jawa tahap 2

A. Berilah tanda silang (x) didepan huruf a,b atau c didepan jawaban yang benar !


 Kanggo mangsuli pitakon no. 1 – 3, wacanen wacan ing ngisor iki!

Jaka Danu
Jaman mbiyen ing kampung Si Geseng wewengkon Pekalongan ana wong sekti. Asmane Ki Sadipa. Wong iki duwe kaluwihan gawe prau. Ki Sadipa duwe anak lanang jenenge Jaka Danu.
Pinuju Ki Sadipa golek kayu ing alas kanggo gawe prau. Olehe golek kayu direwangi murid-muride. Naliki wis oleh kayu sing dikarepake banjur ditegor. Emane murid-muride ora kuwat nggawa saking gedhene. Ki Sadipa nyoba njaluk tulung marang wong sacedhake alas kono. Nengahi Ki Sadipa lunga, Jaka Danu jebul sumusul tekan kana. Dheweke nyoba ngangkat kayu gedhe sing isih gumlethak iku. Anehe kanthi ora kangelan tur sajak entheng, Jaka Danu ngangkat lan mikul kayu iku. Meruhi bab iku murid-muride Ki Sadipa padha gumun.

1. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ……
a. Si Gesang     
b. Ki Sadipa
c. Jaka Danu   
d. Gumun

2. Tujuane Ki Sadipa golek kayu ing alas yaiku …..
a. ing alas akeh kayu gedhe   
b. kanggo gawe prau
c. kanggo gawe umah   
d. kanggo pegawean murid-muride

3. Jaka Danu duwe kaluwihan saka wong liyane yaiku dhweke bisa  .........
a. ngangkat lan mikul kayu gedhe   
b. negor kayu kang gedhe
c. golek kayu gedhe   
d. gawe gumun marang wong liya

4. Endahe taman bisa dibeberake nganggo paragraf…………
a. dheskripsi     
b. persuwasi
c. narasi   
d. eksposisi

5. Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.
Paragraf iku nggambarake …………
a. meja tamu     
b. meja guru 
c. meja kepala sekolah 
d. meja sinau                                 


6. Tulisan lapuran kelebu karya ………
a. karangan     
b. ilmiyah 
c. dongeng   
d. sastra

7.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgGKDrN4AZFSey18ydtFi7IIXc0nfuswhpR8L73uDsgdAYqkKFilTuX9qdPrq5yhK3DoSorrBPyx0YIx-dbYi_ha6wPBNF0pTKnsRi1Gfu3HVZy1cGF8s1ESs1fZATu4xHRQaN2o5yAHuZd/s1600/jawa+5+7.jpg

Tulisan ing nduwur diwaca ………..
a. banyu     
b. bayu 
c. banu     
d. sayu


8. Pak Lurah lagi .......... menyang kelurahan. Anake uga lagi mangkat sekolah.
Tembung kang pas yaiku ………..
a. mangkat     
b. kesah
c.  tindak     
d.  budhal

9. Ayu lagi (sapu) latar.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing jero tandha kurung yaiku ……….
a. disapu     
b. kosapu
c. nyapu     
d. daksapu

10.Kembang mawar iki sesuk mesthi bakal alum.
Tembung alum kosok baline …………
a. seger       
b. bosok   
c. alus 
d. wangi

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
11. Ing teras – maos – Bapak– koran.
Urutan sing bener yaiku .......
12. Aku mangan roti, si Mbah Kakung ugi  ..................... roti.
13. Tembang macapat iku cacahe ana …………
14. Mijil kelebu tembang ………
15. Tembang macapat ora luput saka tatanan padatan, kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru ……

16.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhzQS5PoTyvWGZxhYnz45kV6sIeBH_o8A_Nbqsu1uWXfMqq6sSFmO9ERuGA3RoTJbl_cnhyphenhyphenrJanOr4wVt24jE9z61iJLRrSv3_hj_jc1JEJale6hEgM29kBA3e4lPlNHrwkZLXSjc_i6BaY/s1600/jawa+5+16.jpg
                                         
diwaca .........................

17. Dadi bocah kuwi kudu sregep.
Tembung sregep tegese ……………
18. Digawe saka kayu, duwe sikil papat, ana lacine.
Iku dheskripsine benda kang diarani  ………………
19. Papan kanggo mandheg sepur diarani ……………..
20. awahe (tandur) pari kabeh.
Tembung ing njero kurung, becike dadi ……………

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

21. Cerita rakyat iku cerita sing wis ana wiwit jaman mbiyen lan dadi dhuwene rakyat. Sebutna 3 cerita rakyat sing kowe ngerti!
Wangsulan:………………………………………………………………………………………………


22.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEi0fwNuvrMkNyQQeG4fOmv6_Df7F4Yba8j8qThPZfA2OV8wBqOb_OZsxMsuajG_Mk-h-ihD6kZ3dh8MPf-ZVNor88YiCpQoASIKFeE6dnzwNkiP_deCtL3iYZ3DVB8BHLm8yDoVKv3W9Lvk/s1600/jawa+5+22.jpg

     Dheskripsikake gambar ing sisi kiwa iki nganggo basamu dhewek!
     Wangsulan: ………………………………………………


23. Sebutna 3 kang tembang macapat!
    Wangsulan: ………………………………………………

24. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a.  tuku roti         : …………………………………………………..
b.  maca buku : …………………………………………………..

25. Ukara ing ngisor iki kramainggilake!
    Bapak arep lunga menyang Jogja : ……………………………………………………….

Kl 5
KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA KELAS V
ULANGAN TENGAH SEMESTER 2



I.
1. C 6. B
2. B 7. A
3. A 8. C
4. A 9. C
5. D 10. A

II.
11. Bapak maos koran ing teras.
12. dhahar
13. 11
14. macapat
15. lagu
16. godhong garing
17. rajin
18. meja
19. stasiun
20. ditanduri

III.
21. Jaka Tarub, Jaka Tingkir, Jaka Danu (Kebijaksanaan guru)
22. digawe saka kayu, duwe sikil papat, bisa nggo lungguh, ana senderane (Kebijaksanaan guru)
23. Pocung, Gambung, Mijil, Sinom, dll (Kebijaksanaan guru)
24.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgYsJMP-tmJjsxwZAaLluIrtKZWsS6V6oaCSy8qooUOczfkcxbSz8CKVO90NQpjFj4ABTFPPWA7LZbWm8U5tDflYlxJ3thp0kuKROVkxhgpKlMjLNTJsWGe69YCYWuv9Dc4M7y5Cf8sjqCN/s1600/jawa+kunci+24.jpg

25. Bapak badhe tindak dateng Jogja.

Proyek Pelajar Pancasila KEARIFAN LOKAL "Tumpeng Simbol Keragaman Budaya"

Proyek penguatan profil pelajar Pancasila merupakan bagian yang tidak terpisahkan dari Kurikulum Merdeka. Proyek penguatan profil pelajar Pa...