Selasa, 19 November 2019

Persiapan UAS B jawa semester 1 kelas 5 tahap 3

1. Buku, meja, tas lan sandal iku kalebu tembung ….
a. Sifat   
b. Sandangan
c. Wilangan   
d. Aran
2. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu tembung wilangan yaiku ….
a. Siji
   
b. Akeh
   
c. Apik
   
d. Telu
3. Akeh wong sing mbuwang sampah ing kali.
Tanggapan sing sae kanggo kedadian ing nduwur yaiku ….
a. Becike wong-wong iku yen mbuwang sawah kudu bareng-bareng ben kompak
b. Becike wong-wong iku padha dolanan ing kali bae
c. Becike wong-wong iku aja mbuwang sampah ing kali, amarga neyababake banjir
d. Becike wong-wong akeh iku padha mbuwang sampah ing kali sithik bae
4. Wit jagung iku arane ….
a. Debog
   
b. Tebon
   
c. Damen
   
d. Glugu
5. Raden Ghatutkaca iku satriya ing ….
a. Plangkawati
 
b. Madukara
   
c. Pringgandani
 
d. Jodhipati
6. Dini dan Santi lagi mlaku-mlaku ing kidul desa.
Tembung mlaku-mlaku iku kalebu tembung ….
a. Dwilingga salin swara
 
b. Dwilingga semu
   
c. Dwipurwa
d. Dwilingga padha swara
7. Tembung sing ngisor iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku ….
a. Kanca-Kanca   
b. Gonta-ganti
 
c. Geguyu
   
d. Lelaku
8. Gembili, tales, tela, pohung lan uwi iku kalebu antarane ….
a. Pala gumantung
 
b. Pala wija
 
c. Pala kesimpar
 
d. Pala kependhem
9. Wajik kletik, gula jawa.
Luwih becik, …. .
Parikan ing dhuwur iku lanjutane sing pas yaiku ….
a. Luwih apik
 
b. Sing prasaja
 
c. Sing ora gela
 
 d. Luwih nelangsa
10. Begawan anoman iku petapane ana ing ….
a. Kendhalisada
 
b. Saptaarga
   
c. Sela prawata
 
d. Argasonga
11. Semarang, 17 November 2017
Perangane layang ing dhuwur kalebu ….
a. Adangiyah
   
b. Surasa basa
 
c. Isine layang

d. Titi mangsa
12.
Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban
Akasara Jawa ing dhuwur iku unine ….
a. Ana kadhal
   
b. Ana jaran   
c. Anak kadhal

d. Anak gajah
13. Mbak Ratri tuku roti bolu ana ing pasar.
Tembung sing dadi wasesane ukara ing dhwur yaiku ….
a. Mbak Ratri
 
b. Tuku
   
c. Roti bolu
   
d. Ing pasar
14. Kembang aren jenenge dangu, yen kembang jagung jenenge ….
a. Maya
   
b. Jedhidhing
 
c. Sinuwun
   
d. Besengut
15. Pitik walik saba kebon iku batangane nanas.
Yen sega sekepel dirubung tinggi iku batangane ….
a. Semangka
 
b. Apel
   
c. Jagung
   
d. Salak
16. Woh aren jenenge kolang-kaling, yen woh cengkeh jenenge ….
a. Polong
   
b. Janggleng
   
c. Mlinjo
   
d. Siwalan
17. Tembang ing ngisor iki sing ora kalebu tembang macapat yaiku ….
a. Durma
   
b. Asmaradhana
 
c. Gambuh
 
d. Gambang suling
18. Rina mbi Ani lagi ngresiki perpustakaan.
Ukara ing dhuwur iku kalebu ukara ….
a. Tanduk
   
b. Tanggap
   
c. Pitakon
 
d. Pangkon
19. “Aku lagi pengen sinau bareng kanca-kanca.” kandhane Ayuk
Ukara ing dhuwur yen didadekake ukara carita dari ….
a. Ayuk kandha menawa kanca-kancane seneng sinau
b. Ayuk kandha menawa dheweke pengen sinau bareng kanca-kancane
c. Ayuk kandha menawa dheweke pengen kanca-kancane sinau bareng-bareng
d. Ayuk kandha menawa kanca-kancane ngajak sinau bareng-bareng
20. Isi asem iku jenenge klungsu, yen isi nangka jenenge ….
a. Kuwaci
 
b. Klentheng
   
c. Beton
   
d. Kenthos
21. Kena ngapa koe dodol buku?
Ukara ing dhuwur iku basa kramane dadi ….
a. Kenging napa sampean dodol buku?
   
b. Kenapa panjenengan tumbas buku?
   
c. Wonten pundi sampean mande buku?
d. Kenging napa panjenengan mande buku?
22. Tembang macapat iku jumlahe ana ….
a. Lima
   
b. Telu las
   
c. Sewelas
   
d. Sepuluh
23. Cacahe wanda saben sagatra diarani ….
a. Guru wilangan

b. Guru gatra
 
c. Guru lagu   
d. Guru sastra
24. Uger-uger lawang iku tegese ….
a. Nduwe anak loro wadon kabeh
   
b. Nduwe anak loro lanang kabeh
c. Nduwe anak lima wadon kabeh
d. Nduwe anak lima lanang kabeh
25.
Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban
Aksara Jawa ing dhuwr iku unine ….
a. Luwih becik sregep sinau
    
b. Luwih becik sing legawa
c. Luwih becik sing loma
d. Luwih becik sing prasaja
. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!
1. Wit gedhang iku arane ….
2. Raden Abimanyu iku satriya ing ….
3. Jagung, kedhele lan kacang iku kalebu pala ….
4. Manuk tuhu menclok pager.
Yen sinau, …. .
Lanjutan parikan ing dhuwur sing pas yaiku ….
5. Kembang blimbing jenenge ….
6. Perangan layang kang nuduhake kaprenah sapa kang ngirim lan sapa kang dikirimi layang iku diarani ….
7. Cublak-cublak suweng lan gundhul-gundhul pacul iku kalebu tembang ….
8. Klentheng iku jenenge isi ….
9. Deni iku diarani anak unting-unting. Amarga dheweke kui dadi ….
10.
Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ….
C. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!
1. Paringana 5 tuladha kanggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. Tembung kriya
b. Tembung Wilangan
c. Tembung sifat / kahanan
wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
2. Paringana 5 tuladha tembung ing ngisor iki!
a. Dwilingga pahda swara
b. Dwilingga salin swara
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
3. Sebutna perangane layang!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
4. Owahana ukara ing ngisor iki dadi krama alus!
a. Bapak lunga nang pasar wes telung dina
b. Bu Rani ora gelem mangan amarga lara untu
c. Budi nganti saiki durung isa gawe layangan
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
5. Owahana Aksaara Jawa ing ngisor iki dadi tulisan latin!
Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 ( Ganjil ) Dan Kunci Jawaban
A. JAWABAN

1. d. Aran
2. c. Apik
3. c. Becike wong-wong iku aja mbuwang sampah ing kali, amarga neyababake banjir.
4. b. Tebon
5. c. Pringgandani
6. d. Dwilingga padha swara
7. b. Gonta-ganti
8. d. Pala kependhem
9. b. Sing prasaja
10. a. Kendhalisada
11. d. Titi mangsa
12. c. Anak kadhal
13. b. Tuku
14. c. Sinuwun
15. d. Salak
16. a. Polong
17. d. Gambang suling
18. a. Tanduk
19. b. Ayuk kandha menawa dheweke pengen sinau bareng kanca-kancane
20. c. Beton
21. d. Kenging napa panjenengan mande buku?
22. c. Sewelas
23. b. Guru gatra
24. b. Nduwe anak loro lanang kabeh
25. d. Luwih becik sing prasaja
B. JAWABAN
1. Debog
2. Plangkawati
3. Wija
4. Dadi pinter
5. Maya
6. Peprenah
7. Dolanan
8. Randhu
9. Anak wadon siji bae
10. Mangan roti nanas

C. JAWABAN
1. Paringana 5 tuladha kanggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. Tembung kriya
= Nulis, maca, nyapu, adus, mbusak, mlaku, mlayu.
b. Tembung Wilangan
= Siji, loro, telu, papat, lima, enem, pitu, akeh, sithik.
c. Tembung sifat / kahanan
= apik, elek, ayu, ganteng,  Seneng, susah, bungah
2. Paringana 5 tuladha tembung ing ngisor iki!
a. Dwilingga pahda swara
Tuladha = Nulis-nulis, udan-udan, dewe-dewe, siji-siji, akeh-akeh, kebak-kebak, pinter-pinter, ayu-ayu, ganteng-ganteng, dwhuwur-dhuwur, ijo-ijo.
b. Dwilingga salin swara
Tuladha = Tura-turu, mongan-mangan, ngomba-ngumbe, podan-padon, ngguya-ngguyu, mesam-mesem, tengak-tengok, rono-rene, bola-bali.
3. Perangane layang :
– Titi mangsa
– Jeneng lan alamat sing dituju
– Adangiyah
– Pembuka ( Purwa basa )
– Isi layang ( Surasa basa )
– Penutup ( Wasana basa )
– Peprenah
– Tandha tangan
– Jenenge sing ngirim layang
4. Owahana ukara ing ngisor iki dadi krama alus!
a. Bapak lunga nang Surabaya wes telung dina = Bapak tindak menyang Surabaya sampun tigang dinten
b. Bu Rani ora gelem mangan amarga lara untu = Bu Rani boten purun dahar amargi gerah waja
c. Budi nganti saiki durung isa gawe layangan = Budi ngantos sakniki dereng saget ndamel layangan.
5. a. Jaya dicokot nyamuk
b. Tekan toko kacamata


Proyek Pelajar Pancasila KEARIFAN LOKAL "Tumpeng Simbol Keragaman Budaya"

Proyek penguatan profil pelajar Pancasila merupakan bagian yang tidak terpisahkan dari Kurikulum Merdeka. Proyek penguatan profil pelajar Pa...